Ucapan Hari Raya Idul Fitri Bahasa Jawa Krama Inggil untuk Sungkem pada Orang Tua

- 27 April 2022, 13:21 WIB
Ilustrasi contoh ucapan selamat Hari Raya Idul Fitri dengan Bahasa Jawa Krama Inggil untuk sungkem kepada orang tua.
Ilustrasi contoh ucapan selamat Hari Raya Idul Fitri dengan Bahasa Jawa Krama Inggil untuk sungkem kepada orang tua. /

3. Kulo ngaturaken sembah ngabekti dhateng panjenengan, ugi nyuwun pangapunten ing sadeleme manah, dumateng sedaya agengipun kelepatanipun tindak tanduk ingkang katingal menapa mboten katingal. Mugi-mugi Allah nglebur dosa kulo lan panjenengan ing dinten riyaya meniko.

4. Kulo sowan wonten ing ngarsanipun Bapak/Ibu. Sepisan, nyaos sembah pangabekti mugi katur ing ngersanipun Bapak/Ibu. Ongko kalih, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur kulo setindak tingkah kulo jarang lan mboten ndadosaken sarjuning panggalih. Mugo Bapak/Ibu kerso maringi agunging samudro pangaksami. Kulo suwun kaleburna ing dinten riyadi puniko, lan ingkang putra nyuwun berkah soho pangestu.

Baca Juga: Resep dan Cara Membuat Sayur Lodeh yang Gurih

5. Kulo mriki sowan dateng ngarsanipun Bapak/Ibu/Embah. Sepindah, kulo silaturahmi kangge paseduluran sesami tiyang muslim. Kaping kalih, kulo nyuwun pandonganipun Bapak/Ibu/Embah. Lan ingkang kaping tigo, kulo nyuwun ngapunten seagengipun samodra pangaksami, dhateng sedaya klenta-klentunipun lampah kulo tumindak, lan anggene kulo matur ingkang kulo jareg nopo dene mboten dipunjareg. Semanteniko kulo nyuwun mugi saged ndadosaken penggalihipun panjenengan lan manahnipun kulo tentrem. Mugi ibadah kulo lan panjenengan saged ketampi ing ngarsane gusti Allah, lan mugi Allah kersa maringi pangapunten dhumateng sedaya kelepatan kito.

6. Kepareng matur dumateng Bapak/Ibu sak keluargo, bilih sowan dalem sak rombongan, sepindah silaturahmi, kaping kalih dalem ngaturaken sembah bekti dumateng Bapak/Ibu sak keluargo. Bilih ing dinten riyaden puniko, dalem gadah kalepatan kang disengaos lan mboten disengaos dhumateng Bapak/Ibu sak keluargo, dalem nyuwun agunge pangaksami. Saklejengipun dalem nyuwun dungo dhumateng Bapak/Ibu, mugi dalem diparingi tetep iman islamipun dumugi pati lan pinaringan rizki kang berkah.

Baca Juga: 30 Lagu Top Barat Hits dan Viral Terbaru 2022, Trending di TikTok dan Spotify

7. Nggih kepareng matur dhumateng Simbah/Bapak/Ibu/Mas/Mbak. Ingkang sepindah ngaturaken agunging panuwun amargi sowan kawulo mriki sak keluargi, sampun dipun tampi kanthi ikhlas lan raos bingah ing manah. Ingkang kaping kalih, mbok bilih kawulo sak keluargi kathah lepat ing atur soho polah tingkah, subo sito ingkang kirang nuju prono ing penggalih, sak estu kawulo sak keluargi nyuwun agunging samudro pangaksami.

Sekian. Semoga bermanfaat.***

Halaman:

Editor: Muhammad Khusaini


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x