Latihan Soal PAT Bahasa Jawa kelas 8 Semester 2 Terbaru Tahun 2022 Full Kunci Jawaban

31 Mei 2022, 16:23 WIB
Inilah latihan soal PAT Bahasa Jawa kelas 8 semester 2 terbaru tahun 2022 dilengkapi jawaban dan pembahasan, simak selengkapnya /freepik/

RINGTIMES BALI – Halo adik-adik berikut ini latihan soal PAT Bahasa Jawa kelas 8 semester 2 terbaru tahun 2022.

Adanya soal PAT Bahasa Jawa kelas 8 semester 2 tahun 2022 ini diharapkan bisa membantu adik-adik mendapatkan nilai ujian yang memuaskan.

Dilansir dari bank soal Kemendikbud, berikut ini soal latihan soal PAT Bahasa Jawa kelas 8 semester 2 tahun 2022.

Baca Juga: Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 8 Halaman 147 Soal Esai Ulangan Akhir Semester Genap

Tanah Wangi

Tanah Wangi iku sawijining pasarean kang dumunung ing pareden sakidule desa Pakuthan kalebu wewengkon kecamatan Bayan kabupaten Purworejo. Miturut critane, ana kyai kang asale saka Kemiri Purworejo jenenge Kyai Hamdani. Wektu semana kahanan isih geger ngadhepi Walanda.

Ing sawijining dina Kyai Hamdani oleh wangsit supaya nglakoni tapa ngeli ing kali Jali. Besuk menawa dheweke nganti mandheg anggone ngeli amarga kecanthol uwit utawa lemah, tegese tapane wis rampung, lan dheweke kena manggon ing tlatah kono. Wangsit mau banjur ditindakake dening Kyai Hamdani. Ora kacarita pira suwene anggone tapa ngeli jubahe Kyai Hamdani kecanthol oyot ing pinggir kali.

Kanthi mangkono tegese tapane wis rampung lan Kyai Hamdani wusana manggon ing papan kono. Kang ditandangi sepisanan ing kono gawe papan kanggo manembah mring Gusti. Kejaba kanggo manembah, papan mau uga kanggo punjere warga anggone ngupaya nundhung Walanda. Amarga lemah ing kono rada moncol tumuju kali mula papan kono diwenehi jeneng Poncol.

Baca Juga: Latihan Soal PAT UKK Bahasa Inggris Kelas 8 Semester 2 K13 dengan Kunci Jawaban Dilengkapi Pembahasan

Saya suwe sangsaya akeh wong kang manggon ing tlatah kono saperlu ngangsu kawruh babagan ngelmu agama lan tetanen. Desa Poncol dadi asri, reja lan mulya. Swasanane  kaya ing kutha, banjur diganti jeneng dadi desa Pekuthan. Nalika isih sugeng Kyai Hamdani weling marang para wargane, “Sesuk yen aku dipundhut dening Allah, tulung dikubur ing papan kang lemahe mambu wangi.”

Ringkesing crita Kyai Hamdani seda. Kanggo minangkani piwelinge Kyai Hamdani, para warga golek papan kang lemahe wangi. Pungkasane lemah kang ambune wangi kasil ditemokake yaiku manggon ing sakidule desa Pekuthan.

Pancen bener papan mau ambune wangi temenan malah luwih wangi tinimbang lenga wangi kang dinggo para warga. Papan kanggo ngubur Kyai Hamdani dijenengi “Tanah Wangi”.

1. Tanah wangi kalebu wewengkon…..

a. Kaligesing Purworejo
b. Ngombol Purworejo
c. Bagelen Purworejo
d. Bayan Purworejo

Jawaban: d

Tanah Wengi berada di Kecamatan Bayan Purworejo.

Baca Juga: Kunci Jawaban IPS Kelas 7 Halaman 282 283 Pilihan Ganda, Perubahan Masa Praaksara, Hindu Budha dan Islam

2. Kyai Hamdani entuk wangsit supaya nglakoni…..

a. Tapa geni
b. Pasa Senin Kemis
c. Pasa Sesasi
d. Tapa Ngeli

Jawaban: d

Ing sawijining dina Kyai Hamdani oleh wangsit supaya nglakoni tapa ngeli ing kali Jali.

3. Sakdurunge dijenengi desa Pekuthan, desa mau jenenge desa…..

a. Rejo
b. Wangi
c. Miri
d. Poncol

Jawaban: d

Amarga lemah ing kono rada moncol tumuju kali mula papan kono diwenehi jeneng Poncol.

Baca Juga: Soal UAS IPA Kelas 6 Semester 2 K13, Beserta Kunci Jawaban Terbaru Tahun 2022

4. Kyai Hamdani disarekake ing lemah sing wangi kersane/karepe…..

a. Warga kampung
b. Pak Dukuh
c. Kyai Hamdani
d. Pak Bayan

Jawaban: c

Kyai Hamdani disarekake ing lemah.

5. Legenda Jatingaleh mapan ana ing kutha…..

a. Kota Kudud
b. Kota Semarang
c. Kota Sala
d. Kota Magelang

Jawaban: b

Jatingaleh berada di kota Semarang.

Demikian latihan soal PAT Bahasa Jawa kelas 8 semester 2 terbaru tahun 2022, semoga bermanfaat.

Disclaimer: Konten ini tidak menjamin kebenaran yang bersifat mutlak, karena tidak menutup kemungkinan ada eksplorasi jawaban lainnya.***

Editor: Suci Annisa Caroline

Sumber: Bank Soal Kemdikbud

Tags

Terkini

Terpopuler